Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kulawarga Pencak Silat

Kulawarga Pencak Silat

Sleman, www.jogjatv.tv–Sinaosa saweg gadhah bayi umur gangsal wulan, nanging boten nyurudaken gregetipun Adnan Abdulah lan Lia Aristantia tumut olahraga pencak silat. Salebeting PORDA kaping 13 taun 2015 ing Kabupaten Kulonprogo.
Wiwit anem, Adnan Abdulah lan Aristantia pancen remen olahraga pencaksilat. Kepara sasampunipun mbangun balewisma, pasangan kulawarga, warga padhukuhan Bakungan, desa WEDOMARTANi, kecamatan Ngemplak ,Sleman punika taksih nekuni olahraga kasebat. Awit gadhah prestasi ingkang sae, salebeting Porda kaping 13 DIY taun 2015 punika, kekalihipun tumut minangka atlet pencak silat kontingen kabupaten sleman. Awit saweg gadhah bayi umur gangsal wulan, pramila sadanguning sekawan dinten tandhing salebeting Porda DIY ing Kulonprogo, putri pambayunipun – Alisha Janita Putri , ugi dipun ajak, mapan dhateng satunggaling mes. Saben tetandhingan, Alisha tansah dipun ajak dhateng gelanggang tetandhingan dene nalika Lia tandhing, kancanipun mbiyantu momong alisha. Lia Aristantia kasembadan ngrebat juara kalih kelas B putri. Nalika nampi medhali tandha kejuaraan, Lia sinambi nggendhong bayinipun, satemah narik kawigatosan.
Garwanipun Lia Aristantia, Adnan Abdullah ingkang salebeting PORDA kaping 12 , taun 2011 kapengker nggayuh juara 1, salebeting Porda samangke gagal. Miturut Adnan, alisha kepeksa dipun ajak dhateng gelanggang tetandhingan awit boten tega menawi dipun tilar dhateng griya.

(Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.