Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Piodalan Pura Widya Dharma Wedomartani

Piodalan Pura Widya Dharma Wedomartani

Sleman, www.jogjatv.tv – Atusan Umat Hindu ing Sleman lan sakiwa tengenipun,   malem Kemis (25/1), nindakaken Upacara Pager Wesi ing Pura Widya Darma Wedomartani,Nglempak,Sleman. Upacara kasebat inggih rerangken  upacara piodalan pura kangge nyuceni papan ibadah amrih Umat Hindu tansah pinaringan pepadang.

Wiwit sonten, Umat Hindu ing Sleman lan sakiwa tengenipun, dhateng Pura Widya Dharma. Para umat bekta sesaji asil wulu wetu lan  maneka dhedhaharan minangka wujud bakti dhateng Ida Sang Hyang Widi Wasa. Upacara piodalan pura dipunpuput dening Ratu Begawan Manuaba, mengku ancas kangge nyuceni wewangunan pura. Bimas Hindu DIY, Ida Bagus Wika mratelakaken, upacara piodalan Pura Widya Darma  dipun tindakaken ngleresi Riyadi Pager Wesi minangka panyuwunan supados umat tansah pinaringan pepadhang lan ngindakaken  bakti dhateng  Ida Sang Yang Widi Wasa.

Uparaca piodalan ing Pura  Widya Dharma kawiwitan Upacara  Mecaru, kangge njagi larasing jagat alit, inggih punika manungsa lan jagad agung inggih alam jagat raya. Kalajengaken medak tirta, medak betara lan kekidungan konjuk Sang Hyang Widi Wasa. Lampahing upacara binarung Gendhing Ganjur lan Tari Rejang Dewa kangge mapag tumedhakipun Ida Betara sarta Tari Topeng Sidakarya. Salajengipun Umat Hindu nindakaken upacara puja bakti. Ing pungkasaning upacara umat nampi bija lan tirta suci, lambang karaharjan sarta sucining lair lan batos. Upacara kados makaten dipun tindakaken saben taun ngleresi hadeging Pura Widya Dharma sarta Riyadi Pager Wesi. Ing ndalunipun Umat Hindu nindakaken Upacara Siwa Ratri, kanthi nindakaken jagra utawi wungon sedalu natas. Puja bakti dipun tindakaken ing Malem Siwa inggih punika malem pangleburing dosa. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.