Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Seni Shufa Solo Imlek Fair

Seni Shufa Solo Imlek Fair

Solo, www.jogjatv.tv – Pahargyan warsa enggal Imlek ing Surakarta utawi gumelaring  Solo Imlek Fair, dipun punjeraken ing  tlatah Peken Gedhe Hardjonagoro. Papan gumelaring kridha rinengga lampion, masyarakat ugi dipun lipur maneka seni saking negeri tirai bambu, antawisipun shufa utawi Kaligrafi Tiongkok.

Shufa inggih saking tembung Shu ingkang tegesipun tulis dene Fa tegesipun cara. Cekakipun shufa inggih seni nulis tradisional Tiongkok ingkang nengenaken kaendahan sarta kandel lan tipisipun seratan.  Ing jaman kawuri, kesenian umur 6.000 taun kasebat ngginaken deling, nanging anut pangrembakaning jaman,  shufa samangke ngginakaken media kertas. Sedaya media ingkang dipun ginakaken kangge damel shufa dipun sebat  Empat Mustika Kamar Belajar, inggih punika kuas, kertas, tinta bak lan batu tinta. Sadangunipun gumelaring Solo Imlek Fair masyarakat saged ningali seni shufa punika kanthi lelahanan. Warga saged nyerat dhateng kertas, salajengipun  para Anggota Majlis Agama Konghucu Indonesia (Makin) ingkang badhe njlentrehaken Tapsir Tiongkok lan dipun serat dados shufa. Sedalu para Anggota Makin saged damel atusan seratan, antawisipun nama pawongan, pitutur lan piwulang Nagari Tiongkok.

Pangrembakaning seni nulis kawiwitan Aksara Zhuan Shu, amakili gaya kaligrafi Dinasti Qim. Seni kasebat ngrembaka dados Li Shu ing jamanipun Dinasti Han, lajeng  gaya Kai Shu, Cao Shu lan Qing Shu. Seratan sufha beda kaliyan aksara latin, awit anggenipun maos mangandhap. Ingkang asring sinerat salebeting shufa inggih Piwulang Tiongkok bab naga lan Phoenix, pralambang sih katresnan.

Menawi panjenengan kepingin dipun damelaken shufa, panjenengan saged dhateng ing lantai kalih Peken  Gedhe iring kilen, wiwit jam 16.00 WIB ngantos jam 21.00 WIB, sadangunipun gumelaring Solo Imlek Fair. Shufa punika dipun cawisaken kanthi lelahanan minangka program memetri Kabudayan Tionghoa. ( Heru Kristyanto )

Share this with friends

Comments are closed.