Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News filed in:

"Pawartos Ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Dialog Jurnalistik

Gunungkidul, www.jogjatv.tv-Jagad Jurnalistik tetela narik kawigatosan.boten mokal menawi nalika dipun gelar Dialog Jurnalistik dhateng Bangsal Sewaka Praja Gunungkidul, kathah wiranem ingkang tumut dialog awit kepengin mangertosi jagading Jurnalistik lan Teknik Pemberitaan. Kanthi dipun fasilitasi dening Bidang Kesra Setda Gunungkidul, atusan pelajar tumut Dialog Jurnalistik, ingkang njlentrehaken bab ngelmi Dasar-Dasar Jurnalistik. Kridha ingkang saweg sepisanan dipun... {...}

Continue Reading →

Solo Keroncong Festival 2015

Solo, www.jogjatv.tv -Sinaosa nemahi pepalang awit winatesipun redana, kridha tahunan Solo Keroncong Festival, wusananipun saged dipun gelar kanthi rancag. Sadanguning kalih dinten, pelataran Balaikota Surakarta regeng dening orkes keroncong saking sawetawis wewengkon, kanthi ciri mathinipun piyambak-piyambak. Kalih orkes keroncong saking negeri Jiran Malaysia ugi tumut ngregengaken festival kasebat, inggih punika Orkes Keroncong Arif Lukisan lan... {...}

Continue Reading →

PMI Kota Kangelan Nyekapi Redana Operasional

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Palang Merah Indonesia (PMI) cabang Kota Yogyakarta , dipun kuwatosaken kekirangan redana operasional. Kawontenan kasebat jalaran, angkahing Bulan Dana PMI taun 2015 dereng saged kasembadan. Saking pangangkah Rp 500 yuta, ngantos samangke redana ingkang kaimpun nembe Rp 150 yuta. Bab wau jalaran para pengusaha ing Kota Yogyakarta kirang migatosaken kawontenan keuangan PMI... {...}

Continue Reading →

Pentas Pendapan Ndalem Pujokusuman

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kanthi ancas kangge ndayakaken ndalem ing wewengkon Kota Yogyakarta, Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta, grengseng nindakaken program pentas pendhapan. Kridha kasebat dipun regengaken pagelaran tari saking sawetawis sanggar ing Kota Yogyakarta. Sawetawis taun pungkasan, pendhapi sawetawis ndalem ing wewengkon Kota Yogyakarta, sepen. Supados pendhapi regeng malih, Disparbud Kota, grengseng nindakaken program... {...}

Continue Reading →

Gelar Budaya Soran

Klaten, www.jogjatv.tv – Kanthi ancas kangge memetri kagunan budaya tilaran nenek moyang, wiranem Padhukuhan Soran, Kecamatan Ngawen,Klaten, Jawa Tengah , ngadani kridha gelar budaya, kanthi dipun regengaken maneka kridha seni. Ancasing kridha ugi kangge ngregengaken upacara bersih desa. Gelar budaya kapurwakan, pagelaran gejog lesung, dening Paguyuban Lesung Jumengglung Dewi Soran, ingkang sedaya paraganipun wiranem, ngaturaken... {...}

Continue Reading →

Disperindagkop lan UKM DIY Nyengkuyung Kota Batik Dunia

Yogyakarta, www.jogjatv.tv –Dinas Perindustrian Perdagangan Koperasi dan UKM DIY badhe nggelar Festival Jogja Kota Batik Dunia. Ancasipun kangge ngajak masyarakat supados ngaosi bathik lan njurung Industri Kecil Menengah, nglestantunaken kerajinan batik berbasis budaya. Ing Daerah Istimewa Yogyakarta wonten atusan Industri Kecil Menengah (IKM) batik ingkang sumebar dhateng Kota Yogyakarta, Kabupaten Bantul, Sleman, Gunungkidul, lan Kulonprogo.... {...}

Continue Reading →

Bhakti Sosial Pengetan Hari TNI

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kodim 0734 Yogyakarta ngadani bhakti sosial lan bazar, kangge mengeti Hari TNI ingkang kaping 70 taun sarta ambal warsa ingkang kaping 65 Kodam IV Diponegoro, ngiras kangge ngenteng-entengi sesanggan masyarakat, salebeting nyekapi kabetahan baku. Bhkati sosial lan bazar, mapan ing markas Kodim 0734 Kota Yogyakarta, dipun estreni dening atusan warganing TNI lan... {...}

Continue Reading →

Warga Pogungkidul Kurban 7 Lembu lan 10 Menda

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Riyaya Idul Adha taun samangke dipun pahargya dening warga Padhukuhan Pogung Kidul, Sinduadi, Mlati, Sleman,kawiwitan kanthi takbir keliling dening lare-lare lan rumaja saking TPA Masjid Siswa Graha Pogung Kidul, mlampah mubeng kampung sinambi mbekta maneka piranti. Dene enjingipun, warga nindakaken Sholat Ied dhateng margi sakidul padhukuhan.kanthi imam lan khotib Mukhtasar Syamsudin. Ing... {...}

Continue Reading →

Siswa Sma 1 Karangnongko Nindakaken Kurban

Klaten, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Wiwit enjing pengurus OSIS kanthi dipun biyantu dening para siswa, mragad kewan kurban, setunggal lembu lan setunggal menda.Sasampunipun dipun pragad lan dipun pantha-pantha, daging kewan kurban kasebat tumuli dipun dumaken dhateng para warga ing sakiwa tengen sekolahan.Ketua OSIS SMAN 1 Karangnoko, Jelang Ramadan mratelakaken,ancasipun kurban dhateng sekolah punika minangka sarana pasinaon... {...}

Continue Reading →

Umat Islam Nindakaken Sholat Idul Adha

Sleman, www.jogjatv.tv – Umat Islam Jamaah Muhamadiyah Kabupaten Sleman, nindakaken Sholat Idul Adha, dhateng sawetawis papan, dinten Rebo (23/9), antawisipun dhateng Lapangan Sendangrejo Kecamatan Minggir, Lapangan Warak Kecamatan Mlati, Lapangan Harjo Binangun Kecamatan Pakem, Lapangan Rejondani Kecamatan Ngaglik sarta Lapangan Denggung Sleman. Sholat Idul Adha ing Lapangan Denggung Sleman, dipun estreni dening ewonan Umat Islam... {...}

Continue Reading →

Page 97 of 99