Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Dialog Jurnalistik

Dialog Jurnalistik

Gunungkidul, www.jogjatv.tv-Jagad Jurnalistik tetela narik kawigatosan.boten mokal menawi nalika dipun gelar Dialog Jurnalistik dhateng Bangsal Sewaka Praja Gunungkidul, kathah wiranem ingkang tumut dialog awit kepengin mangertosi jagading Jurnalistik lan Teknik Pemberitaan.

Kanthi dipun fasilitasi dening Bidang Kesra Setda Gunungkidul, atusan pelajar tumut Dialog Jurnalistik, ingkang njlentrehaken bab ngelmi Dasar-Dasar Jurnalistik. Kridha ingkang saweg sepisanan dipun gelar kanthi irah-irahan Dialog Kepemudaan Mengenal Dunia Broadcasting kasebat kangge njurung para pelajar tepang dhateng jagad Jurnalistik,

salebeting kalodhangan kasebat, dipun beberaken Bab Penulisan, dados penyiar televisi lan penyiar radio. Miturut alah satungaling narasumber, Frans Edi, ngantos samangke racakipun masyarakat namung mangertos dhateng jurnalistik saking njawinipun kemawon, kadosta kanthi maos ariwarti, mirengaken radio lan ningali giyaran televise. Lumantar kridha kados makaten kaajab para pelajar remen lan gadhah krenteg dhateng jagad Jurnalistik awit samangke kalodhangan pakaryan ing jagad Broadcasting taksih sakalangkung wiyar,

(Anjar Ardityo)

Share this with friends

Comments are closed.