Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Panyadening Lembu Lesu

Panyadening Lembu Lesu

Gunungkidul, www.jogjatv.tv –Dungkap Riyadi Idul Adha, lampah dagang ing Peken Rajakaya Siyonoharjo, lesu. Panyadening lembu taun punika, mandhap 50 persen, tinimbang taun kapengker. Miturut pandugi, kawontenan kasebat jalaran warga sampun tumbas kewan kurban sawetawis wekdal kapangkerlan dipun pendhet nalika badhe dipun pragat. Dungkap Idul Adha taun punika, regi lembu mindhak antawis Rp 2 yuta ngantos Rp 3 yuta, jalaran ing mangsa ketiga, para peternak kangelan pados pakan.

Lesunipun lampah dagang ing Peken Rajakaya Siyono, ugi awit kaperbawan mandhapipun aos rupiyah tumrap dolar Amerika, ingkang njalari regi kewan kurban mindhak satemah daya beli masyarkat mandhap.

(Anjar Ardityo)

Share this with friends

Comments are closed.