Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Cuaca Ekstrim, Warga Gampil Sakit

Cuaca Ekstrim, Warga Gampil Sakit

Klaten, www.jogjatv.tv – Kangge biyantu warga ingkang ing mangsa ketiga samangke, nandhang maneka sesakit, salah satunggaling Rumah Sakit ing klaten ngadani   Sosialisasi Hidup Secara Sehat sarta kridha usada lelahanan dhateng Dhusun Karang Duwet, Klaten Tengah. Cuaca ekstrim kados samangke, njalari warga gampil nandhang maneka sesakit. Kawontenan kasebat jalaran ing wanci siyang hawa sakelangkung benter dene ing wanci dalu atis, tansaya ing mangsa ketiga, kathah bledug ingkang katiyup angin ingkang njalari sesakit Infeksi Saluran Pernapasan Atas (ISPA). Kajawi punika kirangipun cairan jalaran hawa ingkang benter, njalari warga nandhang diare.

Awit saking punika  masyarakat kaajab njagi kasarasanipun kanthi nengenaken pola makan sehat, kathah ngunjuk toya pethak, olahraga kanthi ajeg lan ngaso sacekapipun. (Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.