Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Upacara Tumplak Wajik

Upacara Tumplak Wajik

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Dungkap Dinten Riyadi Idul Adha 1436 Hijriyah, Kraton Ngayogyakarta, nindakaken Upacara Tumplak Wajik, ing pelataran Bangsal Magangan, Kraton Ngayogyakarta, dinten Senen (21/9).

Kraton Ngayogyakarta, inggih salah satunggaling Kerajaan Islam ing Nuswantara, ingkang nggegegi piwucal Agami Islam. Kerajaan ingkang madeg abad 17 punika, tansah caket kaliyan kawulanipun, antawisipun kanthi nindakaken upacara adat. Kadosta saben dungkap Dinten Riyadi Idul Adha, Kraton Ngayogyakarta, nindakaken Upacara Tumplak Wajik, Wajik inggih nyamikan ingkang bahan bakunipun uwos ketan lan juruh. Upacara Tumplak Wajik dipun tindakaken dening para abdi dalem Kraton, kalajengaken busanani gunungan putri. Lampahing upacara binarung gejog lesung ingkang dipun ayahi dening kanca narakarya, ingkang pinitados kangge tolak bala supados pangrakiting gunungan kalis saking rubeda.

Upacara Tumplak Wajik, dipun pandegani dening Pengageng Kawedanan Keputren Kraton Yogyakarta, Nyai Kanjeng Raden Tumenggung Hamong Tejo Negoro. Sasampunipun dipun idini dening pengageng kraton, wajik dipun tumplak lajeng dipun papanaken dhateng pareden. Wajik kasebat kangge nancepaken gagang mustaka gunungan lan gagang ubarampe gunungan putri. Upacara Tumplak Wajik dados tandha wiwitipun pangrakiting 7 gunungan, Garebeg Besar, ingkang badhe dipun tindakaken ing Masjid Gedhe Kraton Ngayogyakarta, dinten Kemis (24/9)benjing.

 

(Fauzan Ahmad)

Share this with friends

Comments are closed.