Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

WUKIRSARI EXPO NGANGKAT PEKEN COKROKEMBANG

WUKIRSARI EXPO NGANGKAT PEKEN COKROKEMBANG

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Peken Cokrokembang Wukirsari Cangkringan Sleman inggih peken enggal ingkang nembe dipun bangun sasampunipun kurdaning Redi Merapi taun 2010 kapengker. Awit ngantos samangke peken kasebat dereng regeng, pramila kangge ngangkat lan ngregengaken Peken Cokrokembang, Universitas Gadjah Mada nggelar Wukirsari Ekspo dhateng peken kasebat.

Lampah dagang ing peken punika sawetawis katingal regeng. Nanging emanipun regengipun peken namung rikala ginelar sawetawis kridha mirunggan. Samangke lumantar Tim Pengabdian Desa Binaan Fisipol UGM, Peken Cokrokembang regeng dening gumelaring Wukirsari Expo. Wukirsari Expo ingkang ngangkat maneka asil wulu wedaling bumi sarta UKM-UKM punika, inggih mujudaken puncak kridha saking Tim Pengabdian Fisipol UGM, ingkang sampun ngampingi lan suka pelatihan dhateng pehak desa lan warga Wukirsari, kangge ngrembakakaken ekonomi warga. Kejawi punika, expo sengaja dipun gelar dhateng Peken Cokrokembang inggih kangge ngangkat lan ngregengaken Peken Cokrokembang.

Para bakul ingkang padatan sadeyan dhateng peken kasebat nelakaken remen awit wontenipun Wukirsari Expo. Kepara para bakul wau kepengin kridha kados makaten supados asring dipun gelar amrih peken saya regeng. ( Heri Susanto )

Share this with friends

Comments are closed.