Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Wisudhan Penjabat Kades Pakem Binangun

Wisudhan Penjabat Kades Pakem Binangun

Sleman, www.jogjatv.tv – Wisudhan penjabat Kepala Desa Pakembinangun, Kecamatan Pakem, Sleman dhateng Kantor Baledesa Pakembinangun, dipun tindakaken kanthi satataning budaya jawa. Suranto ingkang sakawit inggih Sekdes Pakembinangun, dipun wisudha dados Penjabat Kades Pakembinangun, kangge nyulihi kepala desa ingkang lami, Suharto, ingkang sampun telas masa bhakti tanggal 1April kapengker.

Para tamu ingkang rawuh ugi dipun bagekaken dening para among tamu ingkang sedayanipun ngangge busana adat jawa. Kejawi punika, penjabat kades ingkang dipun wisudha, Suranto, sarta pejabat lami, Suharto punapadene sedaya panitia lan Perangkat Desa Pakembinangun ugi ngangge busana jawa. Wisudhan dipun tandhani kanthi, pratelan janji sarta napak asmani berita acara dening Suranto dene ingkang misudha inggih Camat Pakem, Joni Suhartono. Sasampunipun wisudhan kalajengaken srah panampining jabatan kanthi srah panampining Memori Pelaksanaan Tugas saking Suharto dhateng Suranto.

Miturut Kepala Bidang Pemerintahan Desa Kabupaten Sleman, Mardiono, laras kaliyan Undang-Undang Nomer 6 tahun 2014, pemilihan kepala desa ing Indonesia dipun tindakaken sesarengan lan kanthi rambahan. Pemilihan kepala desa rambahan kapisan sampun lumampah taun 2015 kapengker lan rambahan kaping kalih badhe dipun gelar taun 2017 benjing. Awit saking punika, Suranto badhe nyangkul ayahan minangka penjabat Kades Pakembinangun ngantos taun 2017 benjing.

Sasampunipun dipun wisudha, penjabat Kades Pakembinangun, Suranto ingkang ugi Ketua Palang Merah Indonesia, PMI Pakem mratelakaken, kangge nindakaken ayahanipun minangka penjabat kades, Suranto janji badhe nglajengaken maneka program ingkang sampun wonten. Kejawi punika ugi janji badhe ngindhakaken maneka ladosan dhateng masyarakat, kanthi pangajab lampahing pembangunan saged langkung rancag lan ngrembaka. (Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.