Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Wisata Edukasi Batik Lan Ukir Deling

Wisata Edukasi Batik Lan Ukir Deling

Magelang, www.jogjatn.tv – Menawi panjenengan plesir dhateng candhi borobudur, sampun kesupen mampir dhateng kampung barepan, desa wanurejo, kecamatan borobudur, kabupaten magelang. Dhateng kampung wisata sacelaking taman wisata candi borobudur punika, wisatawan saged nyobi damel kerajinan ukir deling, mbathik punapadene damel pepethan candhi borobudhur.

Program dolan kampung inggih satunggaling rintisanipun para mudha lan warga dhusun barepan, desa wanurejo, kecamatan borobudur, kabupaten magelang kangge nepangaken sawetawis asil kerajinan warga dhusun dhateng wisatawan. Awit prihatos dhateng mirahipun regi panyadening deling wulung ing wewengkon candhi borobudhur, sawetawis wiranem tundhanipun damel kreasi ukiran saking deling. Ukiran kasebat tetela saged dados oleh oleh ingkang mranani lan dipun remeni dening wisatawan, inggih wisatawan ingkang plesir dhateng candhi borobudhur utawi dhateng kampung wisata kasebat. Ing papan punika, wisatawan boten namung saged blanja oleh oleh kerajinan ingkang sampun cumawis, nanging ugi saged damel piyambak, cundhuk kaliyan kreativitas. Saking sawetawis kridha wisata ingkang dipun tawakaken, wisata edukasi ukir bambu kathah dipun remeni, jalaran dereng kathah ingkang nyawisaken wisata edukasi kados makaten.

Kadosta satunggaling wisatawan saking nagari sakura jepang, auri yokato. Auri nelakaken remen saged praktek langsung caranipun damel ukiran deling. Kanthi kreasi piyambak, mesthinipun tandha netra punika badhe beda tegesipun tinimbang tumbas dados saking para bakul.

Kejawi ngukir deling, wisatawan ugi saged sinau caranipun damel bathik ciri mathi borobudhur, ingkang ngemot cariyos salebeting relief candhi. Supados boten dangu, padatan pemandu wisata sampun nyawisaken badhe kanthi corekan relief candhi, wisatawan kantun nglajengaken kemawon. Kathah kasakaya kerajinan ingkang kampung wisata punika ingkang samangke ngrembaka lan mbiyantu ngangkat perekonomian warga, wiwit sakinig bathik, kerajinan sela, gypsum, ngantos kerajinan ukir bambu.

Sinaosa kanthi irah-irahan edukasi, nanging wisata ing papan punika wragadipun murwat, pehak pengelola namung narik donasi kangge asil kerajinan ingkang dipun bekta wangsul.

( Yuki Pramudia )

Share this with friends

Comments are closed.