Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Wiranem Greget Nggegulang Ringgit Tiyang Gagrag Ngayogyakarta

Wiranem Greget Nggegulang Ringgit Tiyang Gagrag Ngayogyakarta

Yogyakarta, www.jogjatv.tv –Lestarining kagunan seni budaya gumantung pemerintah lan kiprahing wiranem. Rukala semanten ingkang greget ngleluri kagunan seni budaya inggih para sesepuh. Anut pangrembakaning jaman tetela samangke kathah wiranem ingkang greget nggegulang kagunan seni budaya antawisipun ketoprak, dagelan, teater, pantomimsarta beksan klasik kadosta ringgit tiyang gagrag Ngayogyakarta.

Saben dipun adani pagelaran ringit tiyang, paraganipun rumaja sarta lare-lare. Bab wau ugi awit wontenipun panyengkuyung saking pamarentah lumantar program tradisi seni budaya kadosta pagelaran ringgit tiyang lampahan “Sumantri Winisudo” , ingkang dipun sengkuyung dening 100 penari lintas generasi, sesepuh, rumaja lan lare-lare.

Betah cara mirunggan supados gregeting para muda salebeting nggegulang ringgit tiyang gagrag ngayogyakarta boten luntur, antawisipun kanthi nyekak gerakan tari supados gampil dipun enget-enget sauger boten nyebal saking pakemipun. Kajawi punika betah panyengkuyung saking pemerintah para pamigatos seni, kangge njueung wiranem supados greget memetri kagunan seni budaya.

( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.