Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Warga Rebatan Gunungan Duren

Warga Rebatan Gunungan Duren

Magelang, www.jogjatv.tv –  Atusan warga rebatan gunungan duren salebeting festival durian, ingkang dipun gelar dhateng plataran Kecamatan Candimulyo, Kabupaten Magelang, Dinten Kemis (10/3). Warga ingkang sami rebatan kadosdene ngiwakaken raos sakit nalika rebatan duren. Saderengipun kangge rebatan, gunungan duren kasebat dipun arak mubeng kampung kanthi dipun ombyong dening paraga panakawan lan maneka kagunan seni tradisional, lan ugi dipun biji dening dewan juri.

Arak arakan gunungan duren punika dipun sengkuyung dengan gabungan kelompok tani saking 19 Desa ing Kecamatan Candimulyo, kangge ngregengaken festival durian ingkang ajeg dipun gelar saben taun.

Salebeting festival durian ingkang dipun gelar sadanguning tigang dinten punika, ugi kacawisaken stand stand kangge sadeyan duren, dhateng lapangan sangajenging Kecamatan Candimulyo, satemah para pmirsa ugi saged tumbas lan ngicipi miraosipun duren lokal asli Candimulyo.

Duren lokal kasebat antawisipun jinis duren pak candi, duren pak joyo, lan ugi duren mentega, asal Kecamatan Candimulyo ingkang kawentar dagingipun kandel raosipun manis lan gandanipun sakalangkung arum.

Miturut panitia festival durian, Supangat, festival durian sengaja dipun gelar kangge ngangkat duren lokal, mliginipun ing Kabupaten Magelang .

Salah satunggaling warga, Magdalena mratelakaken sengaja dhateng kangge ningali gumelaring festival durian lan ugi kangge tumut rebatan gunungan duren.

Kaajab kanthi lampahing festival durian badhe saged mbiyantu petani duren, mliginipun ing Kabupaten Magelang kangge ngangkat malih produk lokal ingkang unggul. ( Yuki Pramudya )

Share this with friends

Comments are closed.