Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Warga Nandhang Leptospirosis

Warga Nandhang Leptospirosis

Klaten, www.jogjatv.tv – Sri Yanto, Warga Padhukuhan Kopek, Desa Mranggen, Jatinom, Klaten Jawa Tengah, sampun watawis sewulan boten saged makarya. Priya peputra 4 punika namung saged tileman lan kedah dipun ladosi dening semah lan yoganipun. Sakawit, Sri Yanto makarya dados berah cithak banon, satemah tansah gepok senggol siti teles ingkang saged dados sarana nularipun bakteri leptospirosis. Kusmiyatun, semahipun Sri Yanto mratelakaken, kawitanipun Sri Yanto demam, nyeri otot, mual lan mripatipun katingal jene sadanguning 4 dinten. Nalika dipun priksakaken dhateng puskesmas, pikantuk rujukan dhateng rumah sakit awit kawontenanipun sampun kritis. Priya yuswa 42 taun punika kepeksa mondhok sadanguning 17 dinten, wiwit saking tanggal 3 Juni ngantos 19 Juni 2016. Awit asil lab nelakaken kawontenanipun saya sae, Sri Yanto dipun parengaken wangsul,nanging tetela sasampunipun wangsul kawontenanipun malah saya nemen. Kusmiyatun ngajab wontenipun kawigatosan saking pamarentah lan dermawan supados semahipun tumuli saras lan saged makarya malih.

Miturut warga, sampun wonten pitung warga ingkang nandhang sakit leptospirosis ingkang sumebar dhateng sawetawis desa lan tiga ing antawisipun tilar donya. Mulat kawontenanipun Sri Yanto, salah satunggal warganing DPR RI, Endang Sti Karti Handayani ngajab wontenipun kawigatosan saking pamarentah mliginipun saking kementrian kesehatan dhateng warga kasebat. Bab kasebat awit ngantos samangke kathah warga ingkang nandhang leptospirosis, ingkang jalaranipun dereng dipun mangertosi dening masyarakat.

Awit taksih mbetahaken wragad kathah kangge usada, tumrap para dermawan ingkang badhe suka bantuwan, saged langsung dhateng griyanipun Sri Yanto utawi saged dipun bikak dhateng Website Kitabisa.Com,bantubapaksriyanto. ( Sri Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.