Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Warga Nampi Bantuwan Dana Desa

Warga Nampi Bantuwan Dana Desa

Sleman, www.jogjatv.tv – Lumantar  program Bulan Bhakti Gotong Royong, Pemerintah Desa Pakembinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman masrahaken bantuwan redana Rp 253,5 yuta dhateng sawetawis  kelompok masyarakat lan  warga, dinten Kemis (26/5) siyang mapan ing  Padukuhan Wonogiri, Desa Pakembinangun. Gunggung bantuwan ingkang dipun pasrahaken beda-beda, antawis Rp 500.000,00 ngantos Rp 28 yuta gumantung program kerja ingkang badhe dipun lampahi.

Miturut Penjabat Kades Pakembinangun, Suranto, redana kasebat inggih  bantuwan rambahan kapisan taun 2016 samangke dene bantuan rambahan kaping 2, ingkang gunggungipun 1 miliar, badhe dipun pasrahaken wulan Agustus benjing.  Redana kasebat  inggih saking  Pemerintah Kabupaten lan Pemerintah  Pusat awit saking punika, para panampi  bantuwan kedah damel  laporan pertnggungjawaban.

Miturut Panitia Pembangunan Padukuhan Wonogiri, Parjiyo Pradiro redana ingkang dipun tampi dening Desa Pakembinangun samangke gunggungipun Rp 28 yuta badhe dipun cakaken kangge ngecor margi ingkang panjangipun 250 meter dene  wiwiting pambangunan dipun kepyakakaken dening Camat Pakem, Joni Suhartono. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.