Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Warga Mbangun Bale Dhusun

Warga Mbangun Bale Dhusun

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kangge ngindhakaken ladosan dhateng masyarakat , warga Padukuhan Ngringin, Condongcatur Depok Sleman,  swadaya mbangun bale dhusun. Bale  Dhusun Ngringin, dipun bangun ing jalan raya Ngleles, Ngringin RT 01 RW 18 Condongcatur, Depok Sleman. Kepyakan pambangunan bale dhusun, dipun  tandhani pagas tumpeng dening Kepala Desa Condongcatur, Reno Chandra Sangaji dipun pasrahaken dhateng Dukuh Ngringin, Muji Purwoko, kalajengaken pasang sela sepisanan pambagunan bale dhusun. Bale dhusun dipun  bangun dhateng pasiten kas desa ingkang wiyaripun  16 meter persagi lan badhe dipun bangun tingkat 2.  Miturut Kepala Desa Condongcatur ngantos samangke padukuhan ing Desa Condongcatur  ingkang gadhah bale dhusun saweg 6 dhusun dene kangge njurung supados  sedaya padhukuhan  gumregah mbangun bale dhusun,  pemerintah desa badhe suka bantuwan redana Rp 50 yuta  dhateng saben  padukuhan .   Bale dhusun  badhe dipun ginakaken kangge kantor dukuh supados saya gampil anggenipun suka ladosan dhateng masyarakat Bale dhusun   ugi  dipun tanjakaken kanggesarta minangka gedung serbaguna.

Miturut ketua pantia pembagunan bale dhusun Dwi  Bambang Trishastata, pambangunan bale dhusun kaangkah rampung  3 taun kanthi ngecakaken redana anggraan  Rp 800 yuta . (Hari Atmaja)

Share this with friends

Comments are closed.