Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Wabup Masrahaken Bantuwan Rubuha

Wabup Masrahaken Bantuwan Rubuha

Sleman, www.jogjatv.tv – Wakil Bupati Sleman, Sri Muslimatun, dinten Kemis (1/9) enjing, masrahaken  Rumah Burung Hantu (Rubuha) bantuwan saking  salah satunggaling teleng papan blanja  ing Sleman dhateng Gapoktan Sumberagung, Kecamatan Moyudan, Sleman. Miturut Ketua Gapoktan Sumberagung, Suparjiyo, sawetawis taun pungkasan ,’ sanak kadang ing  Desa Sumberagung asring gagal panen jalaran katerak tikus nanging sasampunipun petani ngeculaken peksi guweg dhateng sabin paneraking tikus mendha.  Awit saking punika populasi peksi kupiya dipun wimbuhi, kanthi nambah cacahing  rubuh supados peksi guweg saged tumangkar.

Wakil Bupati Sleman, Sri Muslimatun nampi kanthi remen kawigatosan saking salah satunggaling teleng papan blanja ingkang sampun  paring bantuwan tumrap sanak kadang tani kangge mbrastha tikus. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.