Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Upacara Bendera Pengetan Ambal Warsa Kota Jogja

Upacara Bendera Pengetan Ambal Warsa Kota Jogja

Yogyakarta, www.jogjatv.tv–Beda kaliyan dinten padatan dinten Rebo (7/10) enjing, siswa lan guru SMP Stella Duce 1 Yogyakarta, nggelar upacara bendera kanthi satataning budaya jawa, aba-abanipun ngangge basa jawa dene pasarta upacara ngangge busana adat jawa. Ancasipun kangge nepangaken kabudayan lan njurung raos tepa salira sarta kangge mengeti ambal warsa kaping 259 Kota Yogyakarta.

SMP Stella Duce 1 Yogyakarta, kawentar minangka sekolah ingkang saperangan siswanipun inggih warga keturunan Tionghoa. Sinaosa makaten, siswa rumaos mongkog lan remen tumut upacara kanthi satataning budaya jawa   awit dados kalodhangan kangge memetri kagunan budaya sarta ngrumaketaken pasedherekan ing antawisipun siswa.

Kangge ngregengaken pengetan ambal warsa Kota Yogyakarta samangke ugi dipun gelar pemilihan dimas diajeng saking saben kelas.

(Fauzan Ahmad)

Share this with friends

Comments are closed.