Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Unit KP3 Reresik Uwuh Ringroad Selatan

Unit KP3 Reresik Uwuh Ringroad Selatan

Bantul, www.jogjatv.tv – Sasampunipun warga sakiwa tengen lan para pengguna jalan pisambat awit kathah uwuh ingkang Unit Pelaksana Teknis Kebersihan Pertamanan dan Persampahan dan Pemakaman (UPT KP3) Dinas PU Bantul wiwit dinten Rebo (3/2) reresik titik- titik pawuhan ilegal. Tumpukan uwuh ingkang racakipun sampah domestik limbah rumah tangga dipun keruk ngginakaken alat berat lan dipun angkut mawi trek pengangkut sampah. Sinaosa katingal gampil nanging pakaryan kasebat tetela angel awit pawuhan dumunung dhateng sapinggiring margi ingkang rame. Polisi lalulintas ugi tumut cawe-cawe kanthi ngatur lampahing lalu lintas supados boten dumados kacilakan lan kemacetan panjang.

Kepala UPT KP3 Dinas PU Bantul, Surono mratelakaken, kridha punika saestunipun boten namung ingkang kapisan. Kalih wulan kapengker, Unit KP3 ugi sampun nindakaken kridha kados makaten dhateng titik rawan pembuangan sampah ilegal sanes. Sinaosa sampun dipun pasangi awisan mbucal uwuh, nanging sawetawis oknum masyarakat tetep nekat mbucal uwuh sembarangan. Dhateng sauruting Ringroad Selatan Bantul, wiwit saking Tamantirto, Kasihan ngantos Banguntapan, wonten welasan titik pembuangan sampah illegal nanging ingkang katingal sanget awit tumpukanipun kathah inggih watawis enem titik. Awit saking punika Unit KP 3 badhe tansah kupiya reresik lan masang rambu awisan dhateng sawetawis titik. Masyarakat ugi kaajab anggenipun mbucal uwuh dhateng pawuhan ingkang sampun cumawis utawi lengganan dhateng petugas KP3 dinas PU . (Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.