Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

TV Produksi Kusrin Dipun Remeni

TV Produksi Kusrin Dipun Remeni

Solo, www.jogjatv.tv – Awit dereng gadhah ijin SNI, 161 televisi rakitanipun Muhammad Kusrin sawetawis wekdal kapengker dipun beslah dening aparat. Nanging samangke Muhammad Kusrin saged rumaos lega jalaran ijin SNI sampun mandhap kepara ugi dipun timbali mirunggan dening Presiden Jokowi dhateng Istana Negara. Awit reginipun ingkang kapetang mirah, pramila kathah konsumen ingkang remen dhateng televisi rakitanipun Kusrin.

Wonten tigang merek televisi damelanipun Kusrin, inggih punika Maxreen, Veloz lan Zener, ingkang sampun gadhah pangsa pasar piyambak. Televisi rakitanipun priya lulusan Sekolah Dasar kasebat boten jorjoran kaliyan pangsa pasar produk pabrikan awit regi panyadenipun ingkang saged kagayuh, antawis Rp 400.000,00 – Rp 500.000,00

 

Ingkang remen televisi rakitanipun Kusrin kathah mliginipun kalanganing mahasiswa awit racakipun konsumen kasebat milih televisi kanthi regi ingkang murwat tanpa ningali merek.

Saben minggunipun, televisi rakitanipun Kusrin saged pajeng ngantos 6 unit. Para bakul piranti elektronik padatan weling televisi rakitanipun Kusrin 2 minggu sepisan ukuran 14 inc. Kejawi dhateng Jawa Tengah, samangke panyadening televisi damelanipun Kusrin sampun rumambah dhateng Jawa Timur, Jawa Barat lan Ngayogyakarta.

 

( Heru Kristianto )

Share this with friends

Comments are closed.