Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tradisi Penganten Mlampah Ngubengi Uwit Ringin

Tradisi Penganten Mlampah Ngubengi Uwit Ringin

Sleman, www.jogjatv.tv – Warga Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan Sleman ngantos samangke taksih memetri  tradisi penganten  mlampah ngubengi uwit ringin ingkang dumunung ing Padukuhan Ngino, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Sleman.  Awit saking punika, saben wonten  warga ingkang gadhah damel mantu, pasangan penganten kaombyong dening kulwarganipun  nindakaken tradisi kasebat.

Dinten Jemuwah (26/8) siyang wonten pasangan  penganten ingkang nindakaken tradisi mlampah ngubengi uwit ringin ing Padukuhan Ngino. Miturut juru kunci Mbah Bergas  Ringin Ngino, Priyo Hadi Karsono, tradisi penganten mlampah ngubengi uwit ringing ing Padukuhan Ngino dipun tindakaken wiwit jamanipun nenek moyang.  Mula bukanipun duking uni wonten satunggaling Punggawa Praja Majapait inggih punika Mbah Bergas ingkang mertapa dhateng Padukuhan Ngino. Sasampunipun jugar anggenipun mertapa  Mbah Bergas nanem uwit ringin lan paring dhawuh supados sedaya Warga Margoagung ingkang pala krama kedah mlampah ngubengi uwir  ringin wau ambal kaping 3, minangka pralambang penganten kedah  mituhu dhateng dhawuhing tiyang sepuh lan agama. Miturut Priyo Hadi Karsono, ngantos samangke Warga Desa Margoagung taksih memetri tradisi kasebat awit menawi dipun terak  badhe bilaheni tumrap pasangan penganten.

Kajawi memetri tradisi  penganten mlampah ngubengi uwit ringin, Warga Padukuhan Ngino ugi memetri upacara adat bersih desa kanthi dipun regengaken ringgitan, mapan ing Pendhapi  Ringin  dene samangke lampahing  upacara ugi dipun regengaken kirab budaya. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.