Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ternak Menda Mbebatheni

Ternak Menda Mbebatheni

Klaten, www.jogjatv.tv – Ternak menda tetela dados satunggaling kalodhangan ingkang mbebatheni. Welingan daging menda saya kathah awit samangke daging lembu reginipun saya awis.

Kados makaten ingkang dipun tindakaken dening warga Desa Sukorini, Kecamatan Manisrenggo, Klaten, ingkang manunggal salebeting sekawan kelompok peternak kambing, kanthi sistem penggemukan nanjakaken pakan fermentasi saking katul. Menawi dipun tekuni asil saking ternak menda punika mbebatheni. Boten namung menda pedaging kemawon, samangke masyarakat ugi kathah ingkang mbetahaken susu menda. Kades Sukorini, Siswanto, mratelakaken taun samangke wonten sekawan peternak menda ingkang saweg ngrembakakaken menda pedaging lan saben tigang wulan sampun saged dipun sade, Jinis menda ingkang dipun ingah inggih menda bandhot. Warga miwiti lampah usaha punika awit kawawas mbebatheni, Kejawi menda saged dipun sade, rabuk kandhang ingkang dipun asilaken ugi migunani. Inthil saged kangge rabuk, dene uyuh menda saged kangge damel pestisida organik lan pupuk cair.

Kathah warga ingkang mbetahaken menda kangge maneka kabetahan, dene regi menda awis piyambak inggih nalika ndungkap Idul Adha. Langka lan awisipun daging lembu samangke ugi mangaribawani dhateng panyadening daging menda lan ugi peternak menda. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.