Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tenaga Kesejahteraan Sosial Supados Profesional

Tenaga Kesejahteraan Sosial Supados Profesional

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Ngantos samangke, tenaga kesejahteraan sosial ingkang makarya dhateng sawetawis  panti sosial, racakipun dereng pana, bab  ladosan ing panti pramila namung  gumantung pakulinan.

Badan Koordinasi Kegiatan Kesejahteraan Sosial (BK3S DIY) ngadani pelatihan tenaga kesejahteraan sosial , sadanguning 3 wulan, kangge suka seserepan teori lan praktek ingkang baku salebeting ladosan  ing panti sosial ingkang ngantos samangke kawawas kirang trep .

Samangke, tenaga kesejahteraan sosial ingkang  profesional nembe 5 persen awit sanesipun  dereng nate nggegulang  ngelmi ingkang baku. Pelatihan tumrap tenaga kesejahteraan sosial, gagasan BK3S DIY punika, saweg sepisanan dipun adani ing Indonesia, cundhuk kaliyan Undang – Undang Kesejahteraan Sosial No. 11 tahun 2009 bab pekerja keseahteraan sosial yang profesional.

 

(Heri Susato)

Share this with friends

Comments are closed.