Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Taman Amarilis Risak

Taman Amarilis Risak

Gunungkidul, www.jogjatv.tv–Sasampunipun dipun unggah dhateng media sosial, taman Amarilis ingkang dumunung ing Beji,Patuk,Gunungkidul, regeng dipun dhatengi warga. Kathah warga ingkang merlokaken dhateng taman amarilis kangge foto kanthi latar ewonan sekar ingkang mekar setaun sepisan kasebat. Emanipun jalaran winatesipun fasilitas sarta kirangipun kesadaran warga njagi lestarining taneman, samangke taman kasebat risak kepara pejah, jalaran kepidak-pidak. Miturut ingkang gadhah taman, Sukadi, boten nyana menawi taneman ingkang dipun tanem dhateng pelataran griyanipun narik kawigatosan warga. Sakawit sekar-sekar kasebat dipun sade dhateng pinggir jalan raya Jogja –Wonosari nanging jalaran boten laris, tenaman kasebat nuli dipun tanem. Awit samangke kathah warga ingkang dhateng taman Amarilis gadhahanipun, Sukadi ngajab supados warga ingkang dhateng tumut njagi lestarining taneman Amarilis dene kangge ngawekani risaking taneman, sakiwa tengen taman badhe dipun pageri. (Anjar Ardityo)

Share this with friends

Comments are closed.