Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Syawalan Muspida Kabupaten Gunungkidul

Syawalan Muspida Kabupaten Gunungkidul

Gunungkidul, www.jgjatv.tv – Kangge sepisanan sasampunipun jumeneng minangka Wakil Gubernur DIY , Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Paku Alam X , ngrawuhi halal bihalal ingkang dipun adani dening Muspida Kabupaten Gunungkidul ing Bangsal Sewoko Projo.

Sinaosa boten dipun rawuhi dening Gubernur DIY , Sri Sultan Hamengku Bawono X  syawalan lumampah regeng  minangka sulihipun ingkang rawuh inggih Wakil Gubernur DIY, KGPAA Paku Alam X . Para  camat , kepala desa lan  masyarakat rumaos remen saged pepanggihan lan jawat asta kaliyan Wakil Gubernur DIY.

Wakil Gubernur DIY KGPAA Paku Alam X ,  ngrawuhi halal bihalal minangka sulih dalem Sri Sultan Hamengku Bawono X ingkang saweg nindakaken jejibahan dhateng sajawining kitha. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.