Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Supitan Massal, Pengetan Hari Juang Kartika TNI

Supitan Massal, Pengetan Hari Juang Kartika TNI

Gunungkidul, www.jogjatv.tv –Kangge mengeti Hari Juang Kartika taun 2015, Kodim nol tujuh tiga nol Gunungkidul , ngadani supitan massal. Wonten atusan lare ingkang tumut supitan missal, sinaosa makaten sawetawis lare wurung dipun supiti, jalaran ajrih. Kajawi pikantuk sangu, pasarta supitan massal ugi dipun sukani tas lan Al-Qur’an. Sawetawis warga mratelakaken kabiyantu, kanthi wontenipun kridha supitan massal.

Miturut Komandan Kodim 0730, Letkol Infantri Priyanto, supitan massal inggih wujud kawigatosan TNI dhateng masyarakat Gunungkidul. Kajawi supitan massal salebeting pengetan Hari Juang Kartika samangke, Kodim ugi ngadani kridha donor darah. (Anjar Ardityo)

Share this with friends

Comments are closed.