Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sosialisasi Tertib Administrasi Pertanahan

Sosialisasi Tertib Administrasi Pertanahan

Klaten, www.jogjatv.tv – Badan Pertanahan Nasional (BPN) Klaten, Jawa Tengah,ngadani Sosialisasi Tertib Administrasi Pertanahan,tumrap   camat lan kepala  desa.

Miturut kepala BPN  , Kabupaten Klaten  , Cahyono, sosialisasi mengku ancas kangge ngawekani kalepatan salebeting damel sertifikat siti awit data saking kepala desa lan camat ingkang dados pathokan BPN salebeting damel sertifikat siti.

Salebeting pambagyanipun  Bupati Klaten, Sri Hartini mratelakaken, ngantos samangke, ruwet rentenging perkawis damel sertifikat siti inggih gegayutan kaliyan ahli waris jalaran warga racakipun ngiwakaken maneka pranatan salebeting hak warisan.

Kangge gampilaken ladosan, Kantor Pertanahan Kabupaten Klaten nyawisaken program online ngantos tataran kecamatan dene entri data saged dipun akse piyambak. Angkahipun ladosan kasebat badhe dipun cawisaken ngantos tataran  desa  pramila warga ingkang badhe damel sertifikat boten kedah dhateng Kantor BPN , cekap ngurus dhateng kantor desa kemawon dene wragatipun dipun bayar dhateng  bank ingkang kapiji. Cahyono ngajab, warga ngurus  sertifikat piyambak, supados wragatipun boten tikel. Magepokan Program Prona , ing taun 2016 samangke, kaangkah saged damel 2000 sertifikat. Salebeting Program Prona warga dipun ladosi kanthi lelahanan dening Kantor Pertanahan, nanging kangge  ngurus  serat-serat ing desa lan kecamatan wragatipun dipun tanggel piyambak. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.