Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sosialisasi Bebaya Narkoba Lumantar Kesenian Tradisional

Sosialisasi Bebaya Narkoba Lumantar Kesenian Tradisional

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Indonesia ingkang darurat narkoba, mbetahaken maneka cara kangge ngawekani amrih wilujengipun generasi mudha. Salah satunggalipun inggih lumantar pagelaran kesenian, kadosta ringgit purwa.

Awit saking punika Dinas Sosial DIY nindakaken sosialisasi bebayaning narkoba lan miras, kanthi ngadani pagelaran ringgit purwa ing Desa Gari, Kecamatan Wonosari, Gunungkidul. Kejawi kangge memetri budaya, lumantar pagelaran ringgit purwa kaajab maneka informasi gayut bebayaning narkoba lan miras saged dipun tampi dening masyarakat, satemah nebihi lan boten konsumsi narkoba sarta miras. Sinaosa sosialisasi kados makaten saweg sepisanan dipun adani ing Daerah Istimewa Yogyakarta nanging dipun tampi kanthi sae dening masyarakat. Kejawi ing Kabupaten Gunungkidul, ing mangkenipun sosialisasi lumantar seni tradisional ugi badhe dipun gelar dhateng kabupaten sanesipun, cundhuk kaliyan kearifan lokal saben tlatah. Dinsos DIY sampun ngrantam badhe nggelar sosialisasi bebayaning narkoba kaping 97 dhateng maneka tlatah dene para wiranem inggih warga ingkang gampil kenging pangaribawa narkoba sarta miras pramila kedah tansah dipun awat-awati.  (Anjar Ardityo)

Share this with friends

Comments are closed.