Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Serapan Dana Desa Ngantos 98 Persen

Serapan Dana Desa Ngantos 98 Persen

Bantul, www.jogjatv.tv – Kasilipun Desa Panggungharjo,Sewon,Bantul ing babagan pengelolaan dana desa kangge karaharjan masyarakat,nampi kawigatosan saking Menteri Desa dan Pembangunan Daerah Tertinggal,dinten Jemuah (20/1) siyang Mentri Desa nindakaken sidak dhateng Panggungharjo,kangge ningali langsung cak-cakaning dana desa lan sistem pertanggungjawaban.

Awit ngleresi tanggal kalihdasa, rawuhipun Menteri Desa Pembangunan Daerah Tertinggal dan Transmigrasi, Eko Putro Sandjojo dipun pangayubagya dening Bregodo Wiro Tamtomo lan  Langensari. Saben tanggal 20 staf Kelurahan Desa Panggungharjo, tansah ngangge busana adat, kangge mengeti Keistimewaan Yogyakarta. Elokipun malih, Menteri Desa ugi kepareng tumut upacara bendera dhateng plataran kalurahan ingkang dipun gelar kanthi satataning Adat Budaya Jawa.

Eko Putro Sandjojo, nelakaken sengaja boten suka cecala anggenipun badhe dhateng punika awit badhe ningali kanthi langsung cak-cakaning dana desa ing Kabupaten Bantul, mliginipun dhateng Panggungharjo. Bab punika awit ing Kabupaten Bantul, serapan dana desa taun 2016 kapengker ngantos 98 persen. Bab punika dados pawartos ingkang ngremenaken tumrap kementrian awit kanthi serapan kados makaten pramila dados titikan bilih pambangunan daerah saged mindhak. Sinaosa makaten, saben lampah pambangunan, desa dipun kedah tanggel jawab ingkang salajengipun dipun biwarakaken dhateng masyarakat lumantar baliho utawi surat terbuka. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.