Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Senam Inklusi

Senam Inklusi

Klaten, www.jogjatv.tv – Atusan penyandang disabilitas ing tlatah Klaten, dinten Kemis (10/12) enjing tumut senam inklusi. Kridha ingkang dipun gelar dhateng pendhapi Pemkab Klaten kasebat, inggih pucaking pengetan Hari Disabilitas Internasional.

Sinaosa kawontenan badanipun kirang sampurna nanging atusan penyandang disabilitas kasebat katingal greget tumut senam inklusi kanthi dipun pandhegani dening 2 intruktur.

Salah satunggaling penyandang disabilitas saking Manisrenggo, Maryanto rumaos remen tumut senam inklusiawit dados kalodhangan kangge srawung kaliyan sasamaning difabel. Kridha kasebat kaajab dados kalodhangan kangge tukar kawruh bab jagat pakaryan, lumantar pelatihan ekonomi kreatif tumrap penyandang disabilitas supados mandiri.

Pasarta senam inklusi ngajab supados boten dipun kiwakaken salebeting maneka kridha pambangunan lan ugi boten dipun kiwakaken ing madyaning masyarakat.

( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.