Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sekolah Gajah Wong Mligi Kangge Yoganipun Warga Miskin

Sekolah Gajah Wong Mligi Kangge Yoganipun Warga Miskin

Kota Yogyakarta,DIY, www.jogjatv.tv – Sinaosa ing Ngayogyakarta mratah sekolah moderen, nanging Sekolah Gajah Wong gadhah daya tarik mirunggan. Sekolah kasebat dipun bangun dening maneka elemen masyarakat ingkang migatosaken jagat pendidikan, mliginipun lare-lare saking kulawarga miskin ing Kampung Ledhok Timoho, Kelurahan Balerejo, Kecamatan Muja-Muju, Kota Yogyakarta.

Sekolah ingkang madeg tanggal 23 Januari 2011 punika, dipun bangun dening komunitas Tim Advokasi Arus Bawah Ta’abah, inggih punika satunggaling komunitas ingkang migatosaken pendidikan lare-lare ing Kampung Ledhok Timoho, ingkang racakipun tiyang sepuhipun warga miskin. Sekolah ingkang bikak 2 kelas, kelas rumput lan kelas akar kasebat, samangke nggula wentah 40 siswa umur 3 ngantos 7 taun. Sekolah punika ugi gadhah kurikulum piyambak, inggih kurikulum berbasis lingkungan, masyarakat, dan alam, ngecakaken teori lan praktek. Sinaosa mligi mucal siswa Paud lan TK, nanging sekolah punika ugi migatosaken siswa SD, SMP, sarta SMA kanthi suka bimbingan belajar lan ngaos.

Sekolah gajah wong gadhah 5 tenaga pengajar, lan 6 relawan pengajar, sarta nyawisaken 4 program, salebeting kridha pamulangan, inggih punika program nyade barang bekas, kerajinan, ternak, sarta bantuwan saking masyarakat. Sekolah punika ugi dipun sengkuyung dening masyarakat sakiwa tengen sekolah.

Wali murid ugi tumut ngupakawis sekolah, kanthi gentosan reresik gedhung sekolah, lan sakiwa tengenipun. Kajawi punika tiyang sepuh siswa ugi asring pirembagan kaliyan guru, sarta para relawan lan wali murid.

Perkawis ekonomi dede pepalang kangge ngangsu kawruh, menawi sedaya elemen masyarakat greget gotong royong amrih majenging pendidikan Indonesia, tentu badhe pinaringan pepadang.

Twin Kumilah

Share this with friends

Comments are closed.