Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Saluran Irigasi Risak, Produktivitas Pertanian Suda

Saluran Irigasi Risak, Produktivitas Pertanian Suda

Bantul www.jogjatv.tv – Risakipun saluran irigasi awit tumempuhing lindhu ageng taun kalih ewu enem kapengker, ingkang ngantos samangke dereng dipun dandosi, njalari sudanipun produktivutas pertanian ing tlatah Bantul.

Nalika tumempuhing lindu ageng taun 2006 kapengker kathah saluran irigasi ingkang risak lan ngantos samangke racakipun dereng dipun dandosi, jalaran winatesipun redana anggaran. Kurdaning redi merapi taun 2010 kapengker ugi njalari saluran irigasi dados cethek jalaran kebak pasir lan lendhut satemah ilining irigasi kirang rancak. Awit saking punika, samangke DISPERTAHUT lan Dinas Sumberdaya Air kupiya ndandosi saluran irigasi primer , sekunder , tersier lan kuarter.

Nalika taun 2014 produktivitas pantun ing Bantul 197.000 ton, kamangka taun saderengipun 200.000 ton dene ing taun 2015 samangke, Pemda DIY ngangkah produktivitas pantun nggayuh 1 yuta ton. Bantul kupiya nyembadani pangangkah kasebat awit ngantos samangke produktivitas pantun ing Bantul nomer 2 sa DIY sasampunipun Kabupaten Sleman.

Anang Zainuddin

Share this with friends

Comments are closed.