Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sedaya TPS Siyaga Nggelar Pilkada

Sedaya TPS Siyaga Nggelar Pilkada

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Sadinten saderengipun pilkada, sawetawis TPS ing Kabupaten Gunungkidul taksih kedah dipun benahi. Antawisipun inggih punika suka margi kangge panandang disabilitas sarta anggenipun mapanaken piranti kangge coblosan.

Ewonan tempat pemungutan suara ing 18 Kecamatan sa Kabupaten Gunungkidul, siyaga nggelar pemungutan suara pilkada 9 desember 2015. Kadosta ing TPS 15 Desa Planjan, Kecamatan Saptosari, sedaya fasilitas ingkang badhe dipun ginakaken kangge pemungutan suara pilkada sampun dipun cawisaken. Sinaosa makaten taksih wonten bab bab ingkang betah kawigatosan, kadosta papan kangge para saksi, sarta dereng wonten akses kangge para panandang disabilitas. Supados benjing tempuking damel saged lumampah rancag pramila bab kasebat tumuli dipun benahi.

 

Penjabat Bupati Gunungkidul, Budi Antono, nalika nyemak dhateng sawetawis TPS sesarengan kaliyan Muspida Gunungkidul mratelakaken, saking asil panyemak punika sedaya tps sampun siyaga nggelar pilkada. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.