Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Satus Hektar Taneman Jagung Katerak Uret

Satus Hektar Taneman Jagung Katerak Uret

Klaten, www.jogjatv.tv – Watawis satus hektar pategalan jagung ing Desa Wiro, Kecamatan Bayat Klaten, Jawa Tengah katerak ama uret.

Miturut para petani, paneraking ama uret sampun sawetawis dangu, kepara sampun kalih ngantos tigang mangsa tanem. Ama uret nerak perangan oyot taneman satemah nganggu pangrembakaning taneman jagung. Taneman jagung ingkang katerak uret dados abrit ingkang salajengipun garing lan pejah. Petani sampun mbudidaya ngawekani paneraking ama nanging asilipun boten maremaken satemah saking saben pathok pategalan jagung, petani nandhang kapitunan ngantos sayuta rupiyah.

Miturut Ketua Kelompok Tani Kismo Husodo, Desa Wiro, Sunarto, wiyaring pategalan jagung ingkang katerak ama uret ngantos satus hektar dene ingkang panerakipun sakalangkung nemen watawis 50 hektar.

Miturut rantaman, minggu ngajeng Dinas Pertanian badhe suka pelatihan pengendalian hama uret jangka panjang supados para petani jagung saged nampi asil ingkang maremaken. ( Sri Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.