Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ringgitan Bersih Dhusun Karanggayam

Ringgitan Bersih Dhusun Karanggayam

Bantul, www.jogjatv.tv Masyarakat Dhusun Karanggayam, Desa Sitimulyo, Kecamatan Piyungan Bantul, nggelar upacara bersih dusun, kanthi ringgitan. Kridha ingkang saweg sepisanan dipun gelar punika, minangka pratelan raos syukur dhumateng gusti ingkang hakarya jagad sarta wujud guyub rukuning warga

Kridha sesirah Gelar Seni Dan Budaya kasebat dipun gelar ing pedhapi balaidesa Sitimulyo. Pagelaran ringgit katindakaken dening dhalang Ki Seno Nugraha mbabar lampahan Semar Mbangun Khayangan. Gelar budaya dipun rawuhi dening Penjabat Bupati Bantul ,Sigit Sapto Raharjo, sarta perangkat desa lan atusan warga. Sigit ngajab upacara bersih dhusun Karanggayam sageda dipun gelar kanthi ajeg sarta langkung regeng. Pemerintah Kabupaten Bantul samekta biyantu maneka kridha budaya, kanthi ngecakaken dana keistimewaan DIY .

Miturut ketua pantia, Sutrisno, rikala semanten upacara bersih dhusun dipun gelar kanthi ajeg nanging nalika taun 80 -nan boten dipun tindakaken malih. Awit saking punika samangke warga gumgregah malih memetri kagunan budaya tilaranipun leluhur. Rerangkening upacara ugi dipun regengaken kirab gunungan wulu wedaling bumi.

Hari Atmaja

Share this with friends

Comments are closed.