Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Pakan Mindhak, Peternak Ayam Kapitunan

Regi Pakan Mindhak, Peternak Ayam Kapitunan

Bantul, www.jogjatv.tv – Sesanggan peternak ayam, mliginipun ayam petelur, samangke tansaya awrat, jalaran regi pakan mindhak awis..Miturut salah satunggaling peternak ayam ing Pedukuhan Tanuditan, Trirenggo, Bantul , Giman Surodilogo, 2 wulan kapengker, regi jagung lan dedak wiwit mindhak nanging seminggu pungkasan, reginipun tansaya awis. limrahipun regi jagung Rp.3000,00 – Rp 4000,00 samangke nggayuh Rp 7.000,00 saben kilo dene regi dedhak limrahipun Rp 2.000,00 samangke nggayuh

Rp 3500 saben kilo. kamangka regi tigan popog Rp.20.000,00 saben kilo. kawontenan kasebat njalari peternak ayam, nandhang kapitunan kathah.

Miturut Giman, saking 10 ewu ayam petelur ingkang dipun ingah, betahaken wragat Rp 9 yuta kangge tumbas pakan sadanguning seminggu, dereng kangge epah 6 tenaga karya. (Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.