Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Lombok Mandhap

Regi Lombok Mandhap

Magelang, www.jogjatv.tv – Kathahing jawah, njalari petani lombok ing tlatah  pereng Redi Merbabu, Kabupaten Magelang nandhang kapitunan kathah. Sakawit  rwgi Lombok Rp 25.000,00 dados Rp 20.000,00 saben kilo.Bab kasebat awit pamedalipun boten cucuk kaliyan wragat tanem.

Miturut salah satunggaling petani lombok ing Dhusun Simpenan Desa Ketunden, Kecamatan Pakis, Kabupaten Magelang, Sutardi, regi lombok sakelangkung mirah, satemah petani nandhang kapitunan kathah. Kajawi punika kathahing jawah njalari  taneman lombok, alum lan pejah, kepara kathah  lombok ingkang gogrog.

Sutardi mratelakaken, kangge nanem lombok dhateng pasiten ingkang wiyaripun 1 hektar, betahaken wragat  Rp 8 yuta. Kamangka taneman lombok boten saged mawoh kanthi tumanja, gumantung kawontenan cuaca lan toya ingkang cekap. (Yuki Pramudya)

Share this with friends

Comments are closed.