Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Raskin Badhe Dipun Gantos Voucher

Raskin Badhe Dipun Gantos Voucher

Sleman, www.jogjatv.tv – Kementrian Sosial Republik Indonesia gadhah gagasan, badhe nggantos Beras Untuk Keluarga Miskin (Raskin) mawi voucher.

Miturut  Kepala Bidang Soisial Dinas Tenaga Kerja dan sosial Kabupaten Sleman, Surono, ngantos samangke Pemkab Sleman dereng nampi  Surat Keputusan magepokan  pangeduming Raskin ingkang badhe dipun gantos   voucher. Sinaosa makaten rantaman kasebat nate dipun andharaken dening Direktur Pemberdayaan Sosial Perorangan Keluarga dan Kelembagaan Masyarakat Kementrian Sosial, Bambang Mulyadi salebeting  rapat nasional sawetawis wekdal kapengker.  Miturut Bambang Mulyadi  Raskin badhe dipun gantos voucher pramila warga panampi  bantuwan uwos  ingkang sakawit nampi uwos15 kilo saben wulan salajengipun  badhe dipun sukani voucher pengaos Rp 108 ewu  saben wulan. Vocher kasebat saged dipun lintu  maneka barang kabetahan dhateng toko ingkang sampun kapiji dening pamarentah.

Miturut Surono ngantos samangke cacahing Rumah Tangga Sasaran Penerima Manfaat (RTSPM) ing Kabupaten Sleman.60.485 KK. Awit saking punika menawi boten wonten ewah-ewahan saking  pusat vocher ingkang badhe  dipun dumaken sami kaliyan cacahing RTSPM. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.