Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Raskin Awon Boten Dipun Lintu Bulog

Raskin Awon Boten Dipun Lintu Bulog

Bantul, www.jogjatv.tv – Wiwit tumapak minggu kapengker gudang bulog Bantul ngedumaken Beras Untuk Rumah Tangga Sasaran Penerima Manfaat dhateng 17 kecamatan ing Kabupaten Bantul.

 

Dinten Rebo (27/1) enjing, swasana gedung serbaguna, Kelurahan Patalan katingal ribet. Staf Kesra saweg ngladosi masyarakat miskin ingkang mendhet uwos saking bulog kangge wulan Januari samangke. Sinaosa mutu uwos taksih tebih saking pepinginan masyarakat nanging langkung sae tinimbang mutu uwos pungkasan taun 2015 kapengker.

 

Mitutut salah satunggaling panampi raskin, Sugiono, mendhetaken raskin kangge warga ing kampungipun. Sinaosa dereng mangertos mutu uwos ingkang dipun tampi nanging saking pamawasipun mutu raskin wulan Januari samangke sampun sae. Sinaosa makaten Sugiono ngajab supados pemerintah lumantar bulog ngindakaken mutu uwos.

 

Wondene Staf Kesra Kelurahan Patalan, Tri Sudaryanto, boten saged nitik mutu uwos ingkang dipun dumaken dhateng masyarakat lan saged dipun mangertosi sasampunipun dipun bekta wangsul. Menawi awon temtu wonten palapuran saking masyarakat. Ewa semanten pehakipun dereng nate nampi lintu uwos sinaosa sampun nglapuraken mutu uwos ingkang awon. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.