Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Puluhan Hektar Taneman Pantun Rebah

Puluhan Hektar Taneman Pantun Rebah

Sragen, www.jogjatv.tv – Puluhan hektar taneman pantun ing Kabupaten Sragen, Jawa Tengah,  rebah jalaran katrajang jawah sinartan barat ageng, dinten Senen (22/2) satemah kembeng toya campur lendhut. Kangge ngawekani kathahing kapitunan,  taneman pantun nuli dipun panen dene saperangan dipun degaken lan dipun tangsuli supados boten kembeng toya.

Miturut salah satunggaling petani  Warga Kecamatan Tanon, Sutini, taneman pantun gadhahanipun ingkang umuripun saweg 2 wulan, rebah jalaran katrajang jawah sinartan  barat ageng.

Miturut pandugi,  Kabupaten Sragen badhe asring dumados jawah sinartan barat ageng.  Bab wau njalari sanak kadang tani ing wewengkon kasebat, rumaos was sumelang. (Heru Kristyanto)

Share this with friends

Comments are closed.