Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Produsen Slondok Panen Welingan

Produsen Slondok Panen Welingan

Sleman, www.jogjatv.tv – Kados taun taun kawuri, saben ndungkap lebaran para produsen nyamikan tansah panen welingan. Supados saged nyekapi welingan pramila para produsen tetedhan nyamikan kedah nikelaken produksi. Kadosta ingkang dipun alami dening Purwanto, satunggaling produsen slondhok renteng, tetedhan nyamikan saking bahan baku tela, Warga Padhukuhan Boyong, Desa Hargobinangun, Kecamatan Pakem, Sleman. Ing dinten padatan, slondhok renteng damelanipun saged pajeng antawis setunggal kwintal ing saben dintenipun, kanthi regi Rp.24.000,00 saben kilonipun nanging wiwit tumapak Wulan Romadon, welingan slondhok renteng damelanipun Purwanto, mindhak ngantos 2 kwintal saben dintenipun lan samangke welingan ingkang dipun tampi tansaya kathah. Supados saged nyekapi welingan, Purwanto kedah nambah tenaga karya, sarta makarya lembur.

Slondhok damelanipun Purwanto dipun sukani nama slondok renteng awit anggenipun nyade boten dipun wungkus plastik kados limrahipun nanging dipun renteng mawi tutus. Kejawi kangge narik kawigatosan konsumen, slondok renteng saking tela punika ugi kangge nggegegi ciri mathi slondok, tetedhan nyamikan kawuri ingkang nate monjo ing taun sewidakan kapengker.

Sinaosa boten dipun wungkus plastik, nanging Purwanto nanggel slondhok damelanipun saged tetep renyah ngantos 24 jam kepara menawi dipun wungkus plastik utawi dipun simpen dhateng blek, saged tetep renyah ngantos sawetawis wulan. ( Subardi )

 

Share this with friends

Comments are closed.