Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Posyandu Sampah

Posyandu Sampah

Klaten, www.jogjatv.tv –Ibu-ibu PKK ing Desa Kemudo, Prambanan Klaten, gadhah gagasan nhapuk posyandu sampah.

Sewulan sepisan ibu-ibu nabung uwuh, dhateng bank sampah ing griya salah satunggaling perangkat desa wewengkon kasebat. Uwuh ingkang dipun bekta warga, dipun timbang lan dipun tumbasi kanthi pengaos ingkang murwat. Sasampunipun mlempak, uwuh plastik lan wesi dipun tabung dhateng bank sampah.

Miturut Ketua PKK Desa Kemudo, Diah Rani Susanti ancasipun ndhapuk posyandu sampah kangge ngulinakaken warga supados gesang resikan sarta kangge ngajak warga ngemonah uwuh supados ageng pengaosipun.

(Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.