Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Petani Wurung Nanem Sata

Petani Wurung Nanem Sata

Klaten, www.jogjatv.tv – Kawontenan  cuaca ingkang boten gumathok, njalari  petani sata ing Kabupaten Klaten  rumaos was sumelang.  Petani ingkang sampun ndeder bibit sata, wurung nanem sata, awit pategalan kembeng toya, satemah nandhang kapitunan kathah.

Salah satunggaling petani sata ing Desa Katekan,Kecamatan Gantiwarno,Klaten, Ponimandela mratelakaken namung pasrah dhateng kawontenan jalaran wurung nanem sata dene bibit sata ingkang dipun deder umuripun  sampun 55 dinten, kamangka kedahipun dipun tanem nalika umur  40 dinten pramila  samangke sampun kasep.

Jalaran wurung nanem sata, petani nandhang kapitunan  Rp.2 yuta –  Rp.5 yuta. Kangge nyuda kathahing kpitunan, para petani badhe olah tetanen malih menawi cuaca   sampun gumathok. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.