Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pengetan Hari Ibu

Pengetan Hari Ibu

Klaten, www.jogjatv.tv – Kangge mengeti Hari Ibu , dipun gelar maneka kridha ing lingkungan pendidikan lan Pemkab Klaten. Dinten Selasa (22/12) enjing, siswa SMA Negeri 1 Karangnongko, nggelar maneka lomba sesirah Ibu dene ibu-ibu PKK Kecamatan Karanganom nggelar lomba sesorah sesirah Pendidikan Anak Usia Dini.

Kawitanipun Hari Ibu kangge ngenget-enget labuh labet para pahlawan wanita utawi para Srikandi, pejuwang kamardikan. Nanging ing zaman modern samangke, Hari Ibu dipun pengeti kanthi kebak welas asih, lare dhateng ibunipun. Miturut Kepala SMA N 1 Karangnongko , Hery Wuryanto lomba kasebat mengku ancas kangge ndhudhah kreatifitas siswa sarta kangge ngaosi labuh labetipun ibu ingkang ageng tumrap bangsa lan nagari. (Purwanto)

 

Share this with friends

Comments are closed.