Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pengetan Hari Disabilitas Internasional

Pengetan Hari Disabilitas Internasional

Purworejo, www.jogjatv.tv – Tanggal 3 Desember dipun pengeti minangka Hari Disabilitas International. Ikatan Difabel Purworejo , Jawa Tengah , mengeti Hari Disabilitas Internasional, mapan ing pendhapi rumah dinas bupati, dinten Kemis (3/12) siyang. Salebeting kalodhangan kasebat, Kabag Kesra Pemkab Purworejo , Bambang Satyono, masrahaken kantor sekretariat setda, kangge nyade wohing pakaryan penyandang disabilitas.

Ketua Ikatan Difabel Purworejo, Simponi Arto ngajab, pengetan Hari Disabilitas International ndayani supeketipun kekadangan ing antawisipun para penyandang disabilitas, kangge nggethok tularaken maneka program amrih karaharjanipun mindhak.

Warganing Ikatan Difabel Purworejo tiyang 240, sinaosa makaten taksih kathah penyandang disabilitas ingkang dereng pikantuk kawigatosan.

(Pambudi nugroho)

Share this with friends

Comments are closed.