Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pengetan Hari Buku

Pengetan Hari Buku

Klaten, www.jogjatv.tv – Hari Buku ingkang dipun pengeti saben tanggal 23 April dados kalodhangan tumrap Rumah Baca ing Padhukuhan Garjo, Desa Manjung, Kecamatan Ngawen, Klaten, Jawa Tengah  kangge ngindakaken minat baca lare-lare. Kathah lare ingkang dhateng rumah baca kangge sinau sesarengan lan maos buku dhateng kapustakan prasaja kasebat. Boten namung nyawisaken maneka judul buku, Rumah Baca Dalijo ugi jinangkepan fasilitas wifi gratis tumrap  warga. Tuwuh gagasan damel rumah baca awit raos eman ningali griya suwung ingkang boten karimat, kamangka saben sonten kathah lare ingkang dolan dhateng sakiwa tengen griya kasebat. Sasampunipun dipun sarujuki warga, Rumah Baca Dalijo, ingkang koleksi bukunipun taksih winates dipun kepyakaken.

Ngleresi pengetan Hari Buku samangke, pengelola Rumah Baca Dalijo ngajab, kapustakan prasaja kasebat, sageda njurung gregeting para lare kangge ngangsu kawruh.

Kangge jangkepi koleksi buku, Rumah Baca Dalijo nampi bantuwan buku saking maneka pehak,  inggih buku pelajaran, buku pengetahuan umum, buku cerita lan agama. Saya kathahipun masyarakat ingkang migatosaken dhateng minat baca, kaajab ndayani lare saya sregep sinau satemah prestasinipun sae. (Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.