Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pemkab Nyemak Regi Sembako

Pemkab Nyemak Regi Sembako

Sleman, www.jogjatv.tv – Sinaosa wiwit tanggal satunggal April, regi Bahan Bakar Minyak (BBM), bensin lan  solar mandhap Rp 500,00 saben liter nanging ngantos samangke regi sawetawis kabetahan baku dhateng peken tradisional tlatah Sleman taksih  popog awis.  Awit saking punika,sawetawis pejabat dinas Pemkab Sleman, nyemak regi lan pasudiyan  sembako dhateng sawetawis peken tradisional ing Sleman, dinten Rebo (13/4) siyang. Kejawi kangge nyemak  kawontenan regi kabetahan baku, sasampunipun regi BBM dipun andhapaken ugi kangge nyemak pasudiyan bahan pangan ing Sleman dungkap Wulan Ruwah. Saking panyemaking regi ing  Peken  Tradisional Tempel lan Peken Tradisional Pakem, regi kabetahan baku ingkang mandhap namung  uwos.  Sakawit Rp 8.200,00 samangke mandhap dados Rp 8.000,00 saben kilo dene  regi daging ppopog. Daging lembu reginipun   Rp.110.000,00 ngantos Rp.120.000,00  saben kilo dene regi  daging ayam Rp.26.000,00 saben kilo. Kosok wangsulipun samangke regi bumbon kepara mindhak. Regi brambang ingkang sakawit Rp.30.000,00 mindhak dados

Rp 32. 000,00 saben kilo, dene regi bawang ingkang sakawit Rp.35.000,00 mindhak dados Rp.40.000,00 saben kilo dene regi sayuran antawisipun wortel, kobis, tomat lan sawi, racak mindhak Rp.1000,00 saben kilo. Miturut Kabag Perekonomian Pemkab Sleman, Ambarwati, mindhak lan mandhapipun regi sembako samangke, dede  awit pangaribawa mandhapipun regi BBM nanging jalaran  pasokanipun ingkang winates.

Ambarwati mratelakaken,  kangge nggumathokaken  regi lan pasudiyan  kabetahan baku ing Sleman, saben wulan pehakipun tansah nyemak kawontenan regi lan pasudiyan barang supados menawi sawanci-wanci wonten barang ingkang langka, saged tumuli dipun awekani. (Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.