Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pemkab Klaten Gelar Apel Ambulance

Pemkab Klaten Gelar Apel Ambulance

Klaten, www.jogjatv.tv – Ndungkap regenging arus mudik watawis seminggu ngajeng, Pemkab Klaten nggelar apel kendaraan ambulan, dhateng plataran Pemkab Klaten.  Apel dipun tindakaken kangge mangertosi fisik kendaraaan ambulance lan maneka pirantinipun amrih rancagipun ladosan dhateng masyarakat nalika wanci mudhik benjing.

65 unit kendaraan tumut salebeting apel ambulance, ingkang dipun pandhegani dening Sekda Jaka Sawaldi lan PLT Kepala Dinas Kesehatan,Cahyono. Panitipriksa dipun tindakaken setunggal mbaka setunggal armada ambulan, inggih kattipriksa fisik punapadene jejangkepipun. 65 unit armada ambulance ingkang dipun titi priksa saking puskesmas 34 unit, rumah sakit negeri swasta 11 unit lan 20 unit sanesipun saking poliklinik. Saking asil panitipriksa kasebat, sedayanipun sawega ngladosi pemudik ingkang mbetahaken bantuwan.

Pemkab Klaten tembayatan kaliyan bebadan ingkang kawogan, badhe mbikak posko pelayanan kesehatan kangge para pemudik. Posko pelayanan kathahipun 6 unit sumebar dhateng jalur mathis saking Prambanan ngantos  Delanggu.Wiwit 5 dinten ndungkap lebaran ngantos 5 dinten sasampunipun lebaran.6 posko kasebat inggih dhateng Prambanan, Terminal Ir Sukarno Buntalan,  Masjid Agung, Terminal Penggung, Sub Terminal Delanggu sarta Alun-alun Klaten. ( Sri Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.