Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Peken Wirotaman Kutoarjo Sepen

Peken Wirotaman Kutoarjo Sepen

Purworejo, www.jogjatv.tv – Los lan kios Peken  Wirotaman, Kutoarjo, Purworejo, Jawa Tengah samangke kathah ingkang suwung awit dipun tilar dening para bakul. Kawontenan kasebat jalaran lampah dagang sepen pramila samangke namung sekedhik kadang bakul ingkang sadeyan.

Miturut salah satunggaling kadang bakul, Sukarti sakawit kathah kadang bakul ingkang sadeyan dhateng Peken Wirotaman nanging jalaran anggenipun sadeyan boten pajeng, lajeng milih sadeyan dhateng peken sanes.

Samangke Peken Wirotaman namung regeng ing dinten Kemis lan Minggu awit kangge sadeyan para bakul  ayam lan peksi dene para bakul sayuran lan sembako, milih sadeyan  dhateng sauruting  Jalan Tanjung Anom, ing sacelak Peken  Tradisional Kutoarjo awit papanipun mathis.

Eman dene, ngantos samangke Pemkab Purworejo dereng tumemen mranata  Peken Tradisional Wirotaman, Kutoarjo . (Pambudi Nugraha)

Share this with friends

Comments are closed.