Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Museum Perjuangan Expo 2016

Museum Perjuangan Expo 2016

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kangge njurung supados lare -are purun dhateng museum, wigati wontenipun inovasi ingkang inspiratif lan kreatif ingkang dipun remeni lare-lare. Awit saking punika, pengelola Museum Perjuangan ing Jalan Kolonel Sugiono Ngayogyakarta, nggelar kridha Museum Perjuangan Expo 2016 wiwit tanggal 26 -30 Mei 2016.

Maneka koleksi dipun simpen dhateng museum inggih maneka barang tilaran jaman Perang Kamardikan RI taun 1945, kadosta arta lan sanjata, maneka barang tilaranipun Bung  Karno lan Bung Hatta sarta Sri Sultan Hamengku Buwana IX. Ugi wonten maneka foto jaman kawuri ingkang nggambaraken kanthi cetha lampah perjuwanganipun para pahlawan.

Dhateng Museum Perjuangan ugi cumawis game edukasi, ingkang nggambaraken perang lumawan penjajah kanthi dedamel granggang utawi bambu runcing lan tetela game punika dipun remeni dening lare. Kepala Museum Perjuangan, Zaimul Azzah nelakaken, kanthi kridha Museum Perjuangan Expo 2016, kaajab kathah lare utawi siswa ingkang dhateng Museum Perjuangan awit museum ingkang dipun bangun taun 1958 kasebat dereng kathah ingkang pirsa.

Yoyok Hadiwayono, salah satunggal pamigatos museum mratelakaken, samangke Pemerintah Daerah DIY sampun suka ladosan transportasi lan ing Ngayogyakarta piyambak wonten watawis 50 museum. Menawi bab kasebat boten sinengkuyung kreatifitas pengelola museum kanthi damel maneka bab ingkang dipun remeni dening lare pramila bantuwan saking Pemda DIY kasebat badhe muspra. Para lare badhe bosen dhateng suwasana museum awit racak nganggep museum inggih namung papan kangge nyimpen barang sejarah kemawon. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.